Katon ijo ngrembuyung godhongmu
Pating gemandul uwohmu
Selak pingin nyedak lan jupuk wohmu
Nanging.. ora alus kulitmu
Yogene akeh manungsa nggoleki awakmu
Padahal wes ngerti rasane pait ing gulu
Sanandyan wes diwenehi uyah minangka bumbu
Kanggo netralne rasa pahitmu
Kabeh gumantung marang caramu niteni
Umbah lan olahen pare kanthi cara sing mesthi
Ben olahanmu dadi sedhep lan nyenengake ati
Semono uga laku uripmu tekan saiki
Yen lagi ana rasa pahiting atimu
Olahen rasa ing njero dadamu
Supaya iso nyatu nyingkirake getiring laku
Lan tansah nyeyuwun marang Gusti Allahmu
Ikuti tulisan menarik MAMA IDHA lainnya di sini.